Piweling Marang Si Nduk ing Wulan Ramadhan malem Pitu likur

 


_Tulungagung, 28/04/2022_

Nduk, si nduk ku kang ayu tur sregep anggene Sinau, dino-dino iki Kabeh Soyo mundak mung bobot e awak sing Tansoyo susut, tipis e dompet Ra keno di kembangno.


Najan ta ngono adewe ora entok pasrah marang kahanan, tansah madep marang Pangeran kang Mono Sugih Kecukupan, sepiro larange rego lengo ora ndadekno lunyune putus asa, tapi malah ngundakno semangat makaryo tumprap ngibadah marang sing Kuoso.


Sampean ISO ndeleng Dewe yok nopo Pengeran Maringi dalan rejeki, mulai nelfon kono-kene manut Karo lakone, Alhamdulillah tekan Kediri sing adohe 45 KM ISO ngrasakno riayan kanthi gowo parcelan, kanggo wong cilik koyo adewe, meniko wes perlu disyukuri kanthi sanget, senajan pas geser menyang Gedung Dewan adewe durung pikantuk kasil marang sing dimaksud.


Lajeng sesok esuk sak barenge jam 8.30 Soko kepegawaian Kabupaten Tulungagung dangu menyang Kantor sak perlu nglengkapi tapok Asmo kwitansi tagihan.


Kanthi sabar nglampahi lelakon, Alhamdulillah jam. 13.30 sanget ngasto arane yotro damel zakat fitrah tur damel riayan neng dalem wong tuwo kalih, ora spiro akeh e Rupo, ananging gedene syukur kudu diudiutamakno.


Kanthi sak jroning manah Maring dedungo marang pemerintahan Tulungagung, ugi Kepolisian Kediri mugiyo tansah pikantuk ridhanipun Allah SWT, dipun Paringi kekiatan iman LAN taqwa engkang Gedhe tur mampu mengayomi masyarakat kanthi sak sae-saenipun, towin rezeki meniko sageto mbarokahi kagem Kito ing dunyo hattal akhiroh, aamiin.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Polisi Bermasalah Rekannya Pun Ikut Susah

Ksatria dan Pasukan Menyerang Kayangan Peri

Mensukseskan MUSPIMNAS PMII 2022 Lebih Utama, Dari Pada Sekedar Protes Buta Masalah Konsumsi